Kabeh wis rampung. Ya, ora ana tambahan pitakon utawa koma. kertu undangan iki wis ana nang tangan, ora bisa kaobah maning.
"Dik, mas wis ngerti kabean. Mas njaluk ngapura ora bisa ngapa-apa. Mas uga ngeri sejatine koe tresna karo sapa. Nanging, mas ora ndue hak nalika koe mutuske mlaku karo wong liya, wong kang luwih ngerteni karepmu."
Aku ora bisa nesu, uga ora bisa ngguyu, atine wis kadung lara. "Nggo ngapa mas teka maning? patang taun aku ngenteni dewek. Apa tau mas nemoni aku? apa tau mas takon kahananku? ora mas! aku wis kesel ngenteni. Aku ora meh terus-terusan nglarani atiku dewe, uga ati wong tuwaku. Umur saya tambah, wis kudu nduwe tujuan urip kang tetep. Aku ya ngapura yen saiki wis karo wong liya." Luh ing mata tumetes mbanjiri pipi kang wis abang.
"Aku melu seneng yen koe seneng wis karo wong liya, aku pamit, dik."
Ya, pamitmu kaya nalika pamit patang taun kepungkur, Mas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar