Selasa, 16 September 2014

Sambutan Pamit Haji Bahasa Jawa



Assalamualaikum Wr.Wb
Alhamdulillaahi rabbil’ alamien
(lalu bacaan sholawat & salam kepada Nabi SAW)

Ingkang kawula hormati Bapak Camat Sigaluh
Ingkang kawula hormati Bapak Muspika Kec. Sigaluh
Ingkang kawula hormati Bp. K.H Ahmad Ngisom Al Hafid
Ingkang kawula hormati Bp. H. Teguh Hartono sak kaluarga
Ugi sedoyo tamu undangan ingkang dimulyakaken Allah SWT


Ingkang sepindah kita raos syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan, sehingga ing dinten menika saged makempal wonten mriki kangge nderek pengaosan walimatul safar.
Ingkang nomer kalih, kula minangka wakilipun calon jamaah haji, inggih menika badhe nyuwun pamit, nyuwun idi pangestu kalian doanipun dumateng panjenengan sedoyo. Insya Allah kula sak kanca badhe nglampahi rukun islam ingkang kaping 5 inggih menika ibadah haji, wonten dinten Rabu, 17 September 2014.
Bilih sedayanipun kula sak kanca anggenipun srawung kalih panjenengan sedaya katah kalepatan, kita nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi rawuhe bapak-ibu sedoyo kanti ikhlas .
Paring pangapunten ngge nggampilaken kula sak kanca anggenipun ngibadah wonten Mekkah Al Mukaromah lan Madinah Al Munawaroh. Mugi-mugi bapak ibu sedaya ingkang wonten mriki diparingi sehat, paringi rezeki ingkang katah lan barokah sehingga saged kangge sangu ngibadah dumateng tanah suci Mekkah.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan anggenipun matur, kula piyambak nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar